SERAT BABAD TANAH JAWI (Versi Pakubuwana VI)

Munggeng sarkara ring ukara nis,
sasmita tan sumukeng pustaka,
kang tyas rujit karejete,
lir antaka kawantu ,
Murwisesaning Yyang kaeksi,
kang nitah amamatah,
ing boga sawegung,
kang amurwa sifat purba,
kang ambagi sagala isining bumi
nimpuni paripudya.

Kang asih mring rahsanya ngasihi,
mangka manggala para dinuta,
diperig rat wuryaning rate,
respatikang rinasul,
warana ris nayakeng bumi,
kuneng awit kawangwang,
wawangson winangun,
rawining rat nusa Jawa,
kinarsakken dinawa supaya dadi,
manfangat winasiyat.

Mangka pangenget amemengeti,
wajib sajarahing tanah Arab,
tuhu ing Jawa tan pae,
pamilanging luluwur,
pan ingunikalimosadi,
pusaka pinustaka,
ing karsa sang prabu,
Pakubuwana kaping pat,
pinrih aja parbatan wit carita di,
ayya nanggung rekasa.

Rikang nalika mreteng palupi,
limalas Ngakhad Rabiyulawal,
kanem mangsa lifwarsane,
Von wuku Julungarum,
margeng nata kaswareng dasih,
pareng ingkang sengkala,
mugya Hyang Aruhur,
marma martana nugraha,
mawantua safangat si murteng bumi,
mring sang kretarteng praja.

Purwaning wasita kang tinati,
sajarahing nata kina-kina,
ing nusya ]awa babade,
dhihin ingkang luluhur,
Nabi Adam putra Esis,
Esis putra Nurcahya,
Nurcahya asunu,
iya mangaran Nurrasa,
sang Nurrasa ya aputra sanghyang,
Wening aputra sanghyang Tunggal.

Santo saa ri ward ay a dining,
muktamate carita punika,
winangun lawan’kususe,
tinurut urutipun,
malar dadya tepa palupi,
rikang karsa amarna,
nenggih jeng Sinuhun,
Pakubuwana ping sapta,
angluluri anggiting rama narpati,
piririhsapangatira.

Tumeraha trus ing wuri-wuri,
warananing murweng kawiryawan,
wahyaning wahyu wiyose,
mawantua rahayu ..,
yuwanane dennya ngayomi,
ring wadya sadayanya,
kasub sabiyantu,
aywa na sangsayanira,
amanggiha suka arja ,
dining dana narendra.

Nihari nalika marteng palupi,
Ttimpak Wage ping gangsal ing Rajab,
lumaksaneng taun Ehe,
Sancaya mangsa catur,
Mandhasiya den-sengkalani,
dadirasa sabdendra,
muga Hyang kang ruhur,
marma martana nugraha,
inistura ing rahmat sang murbeng bumi.

Nanging ta ingkang wayah ing benjing,
kangjeng Panembahan Purbaya,
punika kang madeg rajeng,
umadegipun ratu,
Ngadipala puranireki,
langkung sangsanira,
rikang purwanipun,
wesana luhur kalintang,
anglangkungi ing sama-samaning aji,
umadeg adilira.

………….
sawingking tuwan besuk,
ingkang pasthi umadeg aji,
inggih wayah paduka,
p a nje nenganipun,
ngadhaton ing Adipala,
kilen lepen Semanggi pecane benjing,
sangsaya karatonnya.

Nanging purwane kewala benjing,
sangsayane ingkang panjenengan,
way ah paduka ing tembe,
dining wesananipun,
apan madeg nata dibya di,
netepi adil ing Hyang,
tuhuning pinunjul,
ing sasama-sama nata,
tanah sabrang tan ana kang nyanyameni,
jenenge wayah tuwan.

  1. inggih kraos padhang manah kawulo, wondene ing zaman meniko poro pinisepuh bongso jawi ingkang taksih hanguri nguri budoyo adhiluhung ingkang katah pitedahipun menggah poro kawulo mudo

  1. No trackbacks yet.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: